Episode : II
Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt
dukane, sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta
para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para lêlêmbut mau
padha sikêp gêgaman pêrang, sarta lakune barêng karo angin, ora antara suwe
lêlêmbut wis têkan ing saêloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur
maujud manusa aran kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau
padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan sangisoring
wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka êlor.
Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang
wis ora kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku ratuning
dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene lêlêmbut
kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan
Benang Mangkono uga Sunan Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga
kaya dene cêdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga
Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên,
amarga kêna daya prabawane kiyai Sumbre
Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: "Buta Locaya!
kowe kok mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha
slamêt?".
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge
dheweke, dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang Sunan
Benang: "Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula punika Buta
Locaya?".
Sunan Benang ngandika: "Aku ora kasamaran, aku ngrêti
yen kowe ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.".
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: "Paduka
punika tiyang punapa, dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi.
Kados wangun walang kadung?".
Sunan Benang ngandika maneh: "Aku bangsa 'Arab,
jênêngku Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi
sêdyaku arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu
Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?".
Buta Locaya banjur matur: "Wetan punika wastanipun
dhusun Mênang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta
pasanggrahanipun inggih sampun botên wontên, kraton utawi patamanan
Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagêdhongan inggih sampun sirna,
pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya
wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe
pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak putu Adam, nyabdakakên ingkang
botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih nami Kutha Gêdhah, ngêlih
lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya
botên surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun
lungse, lajêng botên gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa, makatên wau
saking sabda paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami kêbênan, lepen
Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami
risak, ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka
sikara botên surup, nyikara tanpa prakara".
Sunan Benang ngandika: "Mula ing kene tak-êlih
jênêng Kutha Gêdhah, amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe
agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu
ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh tak sotake larang
banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki
banyu ora oleh iku, prawan baleg.".
Buta Locaya matur maneh: "Punika namanipun botên
timbang kaliyan sot panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang
satunggal ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangêt, botên
timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damêl mlaratipun tiyang
kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat
ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika mugi
panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing ngriki sagêda mirah toya malih,
sagêd dados asil panggêsangan laki rabi taksih alit lajêng mêncarakên titahipun
Hyang Manon. Panjênêngan sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun
tiyang dahwen.
Sunan Benang ngandika: "Sanadyan kok-aturake
Ratu Majalêngka aku ora wêdi".
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu
Majalêngka banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: "Rêmbag paduka niki dede
rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang entên ing bambon, ngêndêlake
dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi,
sugih sanak malaekat, lajêng tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya
dahwen sikara botên ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên
ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih
sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi yen ngantos siya dhatêng sêsami nyikara
tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride
Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat saking
tanah Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang saurutipun dipunbêkta minggat sadaya, Aji
Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking 'Arab, mila sami siya-siya
dhatêng sêsami, sami damêl awising toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên
budi luhur, damêl wilujêng dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên
makatên, wujud paduka niki jajil bêlis katingal, botên tahan digodha lare,
lajêng mubal nêpsune gêlis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma
yêktos, mêsthi simpên budi luhur Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi
paduka cilaka, tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun
dados, lajêng paduka-ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah wedang ingkang
umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut, sanes alam kaliyan manusa,
ewadene kula taksih engêt dhatêng wilujêngipun manusa Inggih sampun ta,
sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulakên malih, lepen ingkang asat
lan panggenan ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulakên kados
sawaunipun, manawi panjênêngan botên karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi
ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun
bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontên samodra
kidul".
Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute,
dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur
ngandika: "Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna mbaleni caturku
kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya
mau-maune".
Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur
nêpsu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: "Kêdah paduka- wangsulna
sapunika, yen botên sagêd, paduka kula-banda".
Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: "Wis kowe ora
kêna mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, wohe sambi iki
tak-jênêngake cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan
wong pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe
jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone,
daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa lêngane, asêm dadi pasêmoning ulat kêcut,
dene dhêmit padu lan manusa, lênga têgêse dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk
dadiya pasêksen, yen aku padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki,
kang lor jênênge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene
panggonane balamu kang ana ing kidul iku jênênge desa Kawanguran".
Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang
wetan kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana desa aran
Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse kawruhan, Singkal têgêse
sêngkêl banjur nêmu akal.
Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang
tindake têkan ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca
jaran, rêca mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit
trênggulun, wohe trênggulun mau akeh bangêt kang padha tiba nganti amblasah,
Sunan Benang ngasta kudhi, rêca jaran êndhase digêmpal.
Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal
êndhasing rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse: "Punika
yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi,
benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang sumêrêp rêca punika, lajêng sami
mangrêtos tekadipun para wanita Jawi".
Sunan Benang ngandika: "Kowe iku bangsa dhêmit kok wani
padu karo manusa, jênênge dhêmit kêmênthus".
Buta Locaya mangsuli: "Inggih kaot punapa, ngriku
Sunan, kula Ratu".
Sunan Benang ngandika: "Woh trênggulun iki
tak-jênêngake kênthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo
dhêmit kumênthus, prakara rusaking rêca".
Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti
saprene, woh trênggulun jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan
Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku".
Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci
asar, kêrsane arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane,
sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagêd mundhut banyu
kagêm wudhu banjur salat.
Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene
sumur mau karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture
Raden Budi guruku, êmbuh bênêr lupute".
Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake,
satêkane desa Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana
sangisoring wit dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange, sarta
akeh kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang mbêranang, saka
akehe kêmbange kang tiba, Sunan Benang priksa rêca mau gumun bangêt, dene ana
madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubênge bangkekane 10 kaki, saupama diêlih
saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo
piranti, baune têngên rêca mau disêmpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak.
Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke
nêpsu maneh, calathune: "Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta
bêcik-bêcik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika
yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan ngrisak
rêca?"
Pangandikane Sunan Benang: "Mulane rêca iki tak-rusak, supaya
aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong
muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar."
Buta Locaya calathu maneh: "Wong Jawa rak sampun
ngrêtos, yen punika rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang
Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para
lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng, amargi siti utawi
kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun manusa, mila para lêlêmbut sami
dipunsukani panggenan wontên ing rêca, panjênêngan-tundhung dhatêng pundi?
Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca, sarta nêdha
ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung
sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca wêtah ing panggenan ingkang sêpi
edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang agêng, sampun sami ngraos yen
alamipun dhêmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen wontên ing rêca
têka panjênêngan-sikara, dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak
sikara siya-siya dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa
Jawa ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul tiyang
bangsa 'Arab sami sojah Ka'batu'llah, wujude nggih tugu sela, punika inggih
langkung sasar".
Pangandikane Sunan Benang: Ka'batu'llah iku kang jasa
Kangjêng Nabi Ibrahim, ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong
akeh, sing sapa sujud marang Ka'batu'llah, Gusti Allah paring pangapura lupute
kabeh salawase urip ana ing 'alam pangumbaran".
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Tandhane napa yen
angsal sihe Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun
angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?
Sunan Benang ngandika maneh: "Kang kasêbut ing kitabku,
besuk yen mati oleh kamulyan".
Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: "Pêjah malih yen
sumêrêpa, kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah
tugu sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut kathah
sela agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun,
punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya
kêdah sumêrêp ing Batu'llahipun, badanipun manusa punika Baitu'llah ingkang
sayêktos, sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa,
sintên sumêrêp asalipun badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika
ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi
panggenanipun raga pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu
damêlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta,
pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun têrus, sumêrêp
cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa
rêca punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu
mulya, inggih pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp
saderengipun kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra,
bêtuwah saking lêluhuripun. sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar
sastra saking lêluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging
dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar 'Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun
ngrika, punapa dora punapa yêktos, anggêga ujaripun tiyang nglêmpara. Mila
panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari Mêkah, kula sumêrêp
nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya, tanêm-tanêm tuwuh botên sagêd mêdal,
bênteripun bantêr awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah
punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang
tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari
Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah pasir
mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr bagus,
wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag panjênêngan badhe priksa
pusêring jagad, inggih ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika
panjênêngan ukur, manawi kula lêpat panjênêngan jotos Rêmbag panjênêngan punika
mblasar, tandha kirang nalar, kirang nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing sanes
Ingkang yasa rêca punika Maha Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli
panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula
aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi botên purun kesah sapunika, badhe
kula undhangakên adhi kula ingkang wontên ing rêdi Kêlut, panjênêngan
kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula bêkta mlêbêt dhatêng kawahipun
rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah, punapa panjênêngan kêpengin
manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng Selabale, dados murid kula!".
Sunan Benang ngandika: "Ora arêp manut rêmbugmu, kowe
setan brêkasakan".
Buta Locaya mangsuli: "Sanadyan kula dhêmit, nanging
dhêmit raja, mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados
kula, tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan dhatêng
tanah Jawi, wontên ing 'Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen panjênêngan mulya
tamtu botên kesah saking 'Arab, mila minggat, saking lêpat, tandhanipun wontên
ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damêl risak
barang sae, ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng
Mênadhu".
Sunan Benang ngandika: "Dhadhap iki kêmbange tak
jênêngake celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung
rêmbag, dadiya pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah
nalar".
Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge
kledhung, kêmbange aran celung
Sunan Benang banjur pamitan: "Wis aku arêp mulih
mênyang Benang".
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Inggih sampun,
panjênêngan enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi
kadangon wontên ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi
bênter, nyudakakên toya".
Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya
sawadya-balane uga banjur mulih. Gênti kang cinarita, nagari
ing Majalêngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos
sinewaka, diadhêp Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen mêntas nampani
layang saka Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane layang ngaturi uninga
yen nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang
mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: "Wontên ler-kilen
Kadhiri, pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun makatên wau, saking
kenging sabdanipun ngulama saking 'Arab, namanipun Sunan Benang.
Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur
diutus mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta
asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang
Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake
kahanane kabeh, dene duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur yen ora
oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.
Bersambung ke Bagian 3 Jejak Brawijaya V / Sunan Lawu