![]() |
Sunan kalijaga |
Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam,
sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora tĂȘdhas
digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair
batos, amarga yen mung lair bae, remane ora tĂȘdhas digunting. Sang Prabu banjur
ngandika yen wis lair batos, mulane kĂȘna diparasi.
Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: "Kowe karo pisan
tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam,
banjur nyĂȘbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak
salin agama Rasul tinggal agama Buddha"
Sabdapalon ature sĂȘndhu: "Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumĂȘksa
tanah Jawa. SintĂȘn ingkang jumĂȘnĂȘng Nata, dados momongan kula.Wiwit saking
lĂȘluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, SakutrĂȘm lan Bambang Sakri,
run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajĂȘr Jawi, kula manawi
tilĂȘm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilĂȘm tamtu wontĂȘn pĂȘpĂȘrangan
sadherek mĂȘngsah sami sadherek, ingkang nakal sami nĂȘdha jalma, sami nĂȘdha
bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun,
momong lajĂȘr Jawi, botĂȘn wontĂȘn ingkang ewah agamanipun, nĂȘtĂȘpi wiwit sapisan
ngestokakĂȘn agami Buddha. SawĂȘg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi
Jawi tĂȘgĂȘsipun ngrĂȘti, tĂȘka narimah nama Jawan, rĂȘmĂȘn manut nunut-nunut, pamrihipun
damĂȘl kapiran muksa paduka mbenjing."
Sang Prabu Brawijaya sinĂȘmonan dening Jawata, ĂȘnggone karsa mlĂȘbĂȘt agama Rasul, iya iku
rĂȘrupan kahanan ing dunya ditambahi warna tĂȘlu: 1: aran sukĂȘt Jawan, 2: pari
Randanunut, lan 3: pari Mriyi.
Sang Prabu andangu maneh: "Kapriye kang padha dadi kĂȘkĂȘncĂȘnganmu, apa
gĂȘlĂȘm apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, nyĂȘbut Nabi Mukhammad
Rasula'llah panutaning para Nabi, lan nyĂȘbut asmaning Allah Kang Sajati?"
Sabdapalon ature sĂȘndhu: "Paduka mlĂȘbĂȘt piyambak, kula botĂȘn tĂȘgĂȘl ningali watak siya,
kados tiyang 'Arab. Siya punika tĂȘgĂȘsipun ngukum, tur siya dhatĂȘng raga, manawi
kula santun agami, saestu damĂȘl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene
ingkang mastani mulya punika rak tiyang 'Arab sarta tiyang Islam sadaya,
anggenipun ngalĂȘm badanipun piyambak Manawi kula, mastani botĂȘn urus, ngalĂȘm
saening tangga ngapĂȘsakĂȘn badanipun piyambak, kula rĂȘmĂȘn agami lami,
nyĂȘbut Dewa Ingkang Linangkung.
Jagad punika
raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun manusa
punika manut dhatĂȘng eling budi karĂȘpan, dados botĂȘn ngapirani, manawi nyĂȘbut
Nabi Mukhammad Rasulu'llah, tĂȘgĂȘse Mukhammad niku makaman kubur, kubure rasa
kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing ĂȘndhut, namung tansah nĂȘdha eca,
botĂȘn ngengĂȘti bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman
kuburan sakalir, roh idlafi tĂȘgĂȘsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul
dhatĂȘng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajĂȘng manggen wontĂȘn pundi
Adam punika muntĂȘl kaliyan Hyang Brahim, tĂȘgĂȘsipun kĂȘbrahen nalika gĂȘsangipun,
botĂȘn manggih raos ingkang saestu, nanging tangining raos wujud badan,
dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados
sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira
paduka sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak, lantaranipun
ngabĂȘn awon, bapa biyung botĂȘn damĂȘl, mila dipunwastani anak, wontĂȘnipun wujud
piyambak, dadosipun saking gaib samar, saking karsaning Latawalhujwa, ingkang
nglimputi wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun piyambak, manawi
dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun rumaos lan pangraos
ingkang paduka-bĂȘkta dhatĂȘng pundi kemawon, manawi dados dhĂȘmit ingkang tĂȘngga
siti, makatĂȘn punika ingkang nistha, namung prĂȘlu nĂȘnggani daging bacin ingkang
sampun luluh dados siti, makatĂȘn wau tĂȘtĂȘp botĂȘn wontĂȘn prĂȘlunipun. Ingkang
makatĂȘn punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun, kala gĂȘsangipun
dereng nĂȘdha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah pĂȘjah dados setan, nĂȘdha
siti ngajĂȘng-ajĂȘng tiyang ngirim sajen tuwin slamĂȘtanipun, ing tĂȘmbe tilar
mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatĂȘng anak putunipun ingkang kantun. Tiyang
pĂȘjah botĂȘn kĂȘbawah pranataning Ratu ing lair, sampun mĂȘsthi sukma pisah
kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging manawi
tekadipun awon inggih nampeni siksanipun Cobi paduka-jawab atur-kula punika
Sang Prabu ngandika: "Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur"
Sabdapalon
matur maneh: "Inggih punika kawruhipun tiyang bingung gĂȘsangipun rugi,
botĂȘn gadhah kawruh kaengĂȘtan, dereng nĂȘdha woh kawruh lan budi, asal siji
mantuk satunggal, punika sanes pĂȘjah ingkang utami, dene pĂȘjah ingkang utami
punika sewu satus tĂȘlung puluh. TĂȘgĂȘsipun satus punika putus, tĂȘlu
punika tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak,
nanging ingkang risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgĂȘng
namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang botĂȘn mawi
ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup mĂȘsthi saking pundi asalipun
wiwit dados jalmi. Surup tĂȘgĂȘsipun: sumurup purwa madya wasananipun, nĂȘtĂȘpana
namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prĂȘnahipun mlĂȘbĂȘt mbĂȘkta sir cipta
lami".
Sang Prabu ngandika: "Ciptaku nempel wong kang
luwih". Sabdapalon matur: "Punika tiyang kĂȘsasar,
kados dene kĂȘmladeyan tumemplek wit-witan agĂȘng, botĂȘn bawa piyambak,
kamuktenipun namung nĂȘmpil. Punika botĂȘn pĂȘjah utami, pĂȘjahipun tiyang nistha,
rĂȘmĂȘnipun namung nempel, nunut-nunut, botĂȘn bawa piyambak, manawi dipuntundhung,
lajĂȘng klambrangan, dados brĂȘkasakan, lajĂȘng nempel dhatĂȘng sanesipun
malih"
Sang Prabu ngandika maneh: "Asal suwung aku bali, mĂȘnyang suwung, nalika aku durung maujud
iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono"
Sabdapalon: "Punika pĂȘjahipun tiyang
kalap nglawong, botĂȘn iman 'ilmi, nalika gĂȘsangipun kados kewan, namung nĂȘdha
ngombe lan tilĂȘm, makatĂȘn punika namung sagĂȘd lĂȘma sugih daging, dados nama
sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical gĂȘsangipun salĂȘbĂȘtipun pĂȘjah".
Sang Prabu: "Aku
nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi lĂȘbu".
Sabdapalon: "Inggih
punika pĂȘjahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan, nĂȘnggani daging wontĂȘn
kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, botĂȘn mangrĂȘtos santun roh
hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangrĂȘtosa.Nun!
Sang Prabu ngandika: "Aku arĂȘp muksa saragaku"
Sabdapalon gumuyu: "Yen tiyang agami Rasul tĂȘrang botĂȘn sagĂȘd muksa, botĂȘn kuwawi
ngringkĂȘs nguntal raganipun, lĂȘma kakathahĂȘn daging. Tiyang pĂȘjah muksa punika
cĂȘlaka, amargi nami pĂȘjah, nanging botĂȘn tilar jisim, namanipun botĂȘn sahadat,
botĂȘn pĂȘjah, botĂȘn gĂȘsang, botĂȘn sagĂȘd dados roh idlafi enggal, namung dados
gunungan dhĂȘmit"
Pangandikane Sang Prabu: "Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar
nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa".
Sabdapalon: "Paduka
nilar sipat, botĂȘn ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar wajibing manusa,
manusa dipun wĂȘnangakĂȘn nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun
botĂȘn prĂȘlu pados 'ilmi kamulyaning seda".
Sang Prabu: "Ciptaku
arĂȘp mulih mĂȘnyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha Kuwasa".
Sabdapalon matur: "Akhirat, swarga, sampun paduka-bĂȘkta ngaler ngidul, jagadipun
manusa punika sampun mĂȘngku 'alam sahir kabir, nalika tapĂȘl Adam, sampun pĂȘpak:
akhirat, swarga, naraka 'arasy kursi. Paduka badhe tindak dhatĂȘng akhirat
pundi, mangke manawi kĂȘsasar lo, mangka ĂȘnggene akhirat punika tĂȘgĂȘse mlarat,
saĂȘnggen- ĂȘnggen wontĂȘn akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun ngantos
kula mantuk dhatĂȘng kamlaratan sarta minggah dhatĂȘng akhirat adil nagari,
manawi lĂȘpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut damĂȘl
awrat tur botĂȘn tampa arta. KlĂȘbĂȘt akhirat nusa SrĂȘnggi, nusa tĂȘgĂȘsipun manusa,
SrĂȘng tĂȘgĂȘsipun padamĂȘlan ingkang awrat sangĂȘt Ănggi tĂȘgĂȘsipun gawe Dados
tĂȘgĂȘsipun jalma pinĂȘksa nyambut damĂȘl dhatĂȘng Ratu Nusa SrĂȘnggi namanipun,
punapa botĂȘn cilaka, tiyang gĂȘsang wontĂȘn ing dunya kados makatĂȘn wau,
sakulawargane mung nadhah bĂȘras sapithi, tanpa ulam, sambĂȘl, jangan punika
akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang pĂȘjah malah
langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhatĂȘng akhirat, sampun
ngantos minggah dhatĂȘng swarga, mindhak kĂȘsasar, kathah rajakaya ingkang wontĂȘn
ing ngriku, sadaya sami trima tilĂȘm kĂȘmul siti, gĂȘsangipun nyambut damĂȘl kanthi
paksan, botĂȘn salah dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah,
amargi Gusti Allah punika botĂȘn kantha botĂȘn warna, wujudipun amung asma,
nglimputi wontĂȘn ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng tĂȘpang, tĂȘpangipun
amung tĂȘpang kados cahyanipun lintang lan rĂȘmbulan, kapanggihe cahya murub
dados satunggal, botĂȘn pisah botĂȘn kumpul, tĂȘbihipun botĂȘn mawi wangĂȘnan, cĂȘlak
botĂȘn panggihan, kula botĂȘn kuwawi cĂȘlak, punapa malih paduka, KangjĂȘng Nabi
Musa toh botĂȘn kuwawi mandĂȘng dhatĂȘng Gusti Allah, mila Allah botĂȘn katingal,
namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes
bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang
Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sĂȘpuh, nyuwun ingkang enggal, dados
botĂȘn wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pĂȘjah gĂȘsang, ingkang gĂȘsang
napasipun taksih lumampah, tĂȘgĂȘsipun urip, ingkang tĂȘtĂȘp langgĂȘng, botĂȘn ewah
botĂȘn gingsir, ingkang pĂȘjah namung raganipun, botĂȘn ngraosakĂȘn kanikmatan,
pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun sĂȘpuh, suksmanipun
mĂȘdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang sampun sĂȘpuh, nutfah
sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa punika langgĂȘng, botĂȘn
ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh
idlafi.
Prabu
Brawijaya botĂȘn anem botĂȘn sĂȘpuh, nanging langgĂȘng manggen wontĂȘn satĂȘngahipun
jagadipun, lumampah botĂȘn ebah saking panggenanipun, wontĂȘn salĂȘbĂȘting guwa sir
cipta kang ĂȘning GawanĂȘn gĂȘgawanmu, ngGĂȘgawa nĂȘdha raga Tulis ical, etangan
gunggunge: kumpul, plĂȘsatipun wĂȘtaha. Ningali jantung kĂȘtĂȘg kiwa: surut marga
sire cipta, jujugipun ingkang cĂȘtha cĂȘthik cĂȘthak. Punika pungkasanipun kawruh,
kawruhipun tiyang Buddha LĂȘbĂȘtipun roh saking cĂȘthak marginipun, kendĂȘl malih
wontĂȘn cĂȘthik, mĂȘdal wontĂȘn kalamwadi, kentir sagara rahmat lajĂȘng lumĂȘbĂȘt ing
guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontĂȘn
ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitu'llah ingkang mulya, dadosipun saking
sabda kun, dados wontĂȘn tĂȘngahing jagad swarganing tiyang sĂȘpuh estri, mila
jalma keblatipun wontĂȘn tĂȘngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta
namanipun, dipunbĂȘkta dhatĂȘng pundi- pundi botĂȘn ewah, umuripun sampun
dipunpasthekakĂȘn, botĂȘn sagĂȘd ewah gingsir, sampun dipunsĂȘrat
wontĂȘn lokhil-makful, bĂȘgja cilakanipun gumantung wontĂȘn ing budi nalar
lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi
kirang bĂȘgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul
ler : tĂȘgĂȘsipun wetan : wiwitan manusa maujud; tĂȘgĂȘsipun kulon : bapa kĂȘlonan;
tĂȘgĂȘsipun kidul : estri didudul wĂȘtĂȘnge ing tĂȘngah; tĂȘgĂȘsipun lor : laire
jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sĂȘnteg sapisan tĂȘnunan sampun nigasi.
TĂȘgĂȘsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhĂȘp dhatĂȘng wujud; jumbuh punika
tĂȘgĂȘsipun pĂȘpak, sarwa wontĂȘn, mĂȘngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa,
lairipun saking tiyang sĂȘpuhipun estri, sarĂȘng tanggalipun kaliyan sadherekipun
kakang mbarĂȘp adhi ragil, kakang mbarĂȘp punika kawah, adhi punika ari-ari,
sadherek ingkang sarĂȘng tanggal gaibipun, rumĂȘksa gĂȘsangipun elingipun
panjanmaning surya, lĂȘnggah rupa cahya, kontĂȘning eling sadayanipun, siyang
dalu sampun sumĂȘlang dhatĂȘng sadaya rĂȘrupen, ingkang engĂȘt sadayanipun, surup
lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika
kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratakĂȘn baita,
dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontĂȘn ing baita wau, ingkang
nĂȘdahakĂȘn pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu
manggih cilaka, baita pĂȘcah, tiyangipun rĂȘbah Pramila kĂȘdah ingkang mapan,
mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botĂȘn mapan gĂȘsangipun, pĂȘjah malih
sagĂȘda mapan, nĂȘtĂȘpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah kaliyan
tiyangipun; tĂȘgĂȘsipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun sahadat,
pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah tĂȘgĂȘsipun pisah, dat punika Dzating Gusti,
manawi sampun pisah raga suksma, budinipun lajĂȘng santun baitu'llah, napas
tali, muji dhatĂȘng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi, mrĂȘtitis ingkang
botĂȘn-botĂȘn, yen tunggal, kabĂȘsaran, tanggalipun botĂȘn surup salaminipun,
punika kĂȘdah ingkang waspada, ngengĂȘtana dhatĂȘng asaling kawula, kawula ugi
wajib utawi wĂȘnang matur dhatĂȘng Gusti, nyuwun baitu'llah ingkang enggal,
ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitu'llah, inggih
prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun tiyang
Jawi sagĂȘd mapan santun baitu'llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang Islam
gĂȘsangipun kantun pangrasa, praunipun sampun rĂȘmuk, manawi suksma punika pĂȘjah
ing 'alam dunya suwung, botĂȘn wontĂȘn tiyang, manawi tiyang punika tĂȘrus gĂȘsang,
ing dunya kĂȘbak manusa, lampahipun saking ĂȘnem urut sĂȘpuh, ngantos roh lapisan,
sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pĂȘjahipun manjalma
dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagĂȘd manjalma dados tiyang
(kajĂȘngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene
piyambak-piyambak). Nalika panjĂȘnĂȘnganipun Bathara Wisnu jumĂȘnĂȘng Nata wontĂȘn
ing MĂȘndhang Kasapta, sato wana tuwin lĂȘlĂȘmbut dipuncipta dados manusa, dados
wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton
wontĂȘn ing Gajahoya, sato wana tuwin lĂȘlĂȘmbut inggih dipuncipta dados tiyang,
pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda, gandanipun
kadosdene nalika taksih dados sato kewan. SĂȘrat tapak Hyang, ingkang
dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun,
1. ingkang dipunwastani jithok tĂȘgĂȘsipun
namung puji thok. Dewa ingkang damĂȘl cahya murub nyrambahi badan, tĂȘgĂȘsipun
incĂȘngĂȘn aneng cĂȘngĂȘlmu
2. Jiling punika puji eling marang Gusti.
3. Punuk tĂȘgĂȘsipun panakna.
4. Timbangan tĂȘgĂȘsipun salang.
5. Pundhak punika panduk, urip wontĂȘn ing
'alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah,
untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu
gĂȘsang, gĂȘsang langgĂȘng ingkang botĂȘn sagĂȘd pĂȘjah.
6. TĂȘpak tĂȘgĂȘsipun tĂȘpa-tapanira.
7. Walikat: walikane gĂȘsang.
8. Ula-ula: ulatana,
9. lalarĂȘn gĂȘgĂȘrmu sing nggligir.
10. Sungsum tĂȘgĂȘsipun sungsungĂȘn.
11. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun jalma
sambungan, lali eling urip mati.
12. LĂȘmpeng kiwa tĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘsipun tekadmu sing lĂȘmpĂȘng
lair batin, purwa bĂȘnĂȘr lawan luput, bĂȘcik lawan ala.
13. Mata tĂȘgĂȘsipun tingalana batin siji, sing bĂȘnĂȘr
keblatira, keblat lor bĂȘnĂȘr siji.
14. TĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘsipun tĂȘngĂȘnĂȘn ingkang tĂȘrang, wontĂȘn
ing dunya amung sadarmi ngangge raga, botĂȘn damĂȘl botĂȘn tumbas.
15. Kiwa tĂȘgĂȘsipun: raga iki isi hawa kĂȘkajĂȘngan,
botĂȘn wĂȘnang ngĂȘkahi pĂȘjah. MakatĂȘn punika ungĂȘling sĂȘrat
Manawi
paduka maibĂȘn, sintĂȘn ingkang damĂȘl raga ? SintĂȘn ingkang paring nama? inggih
namung Latawalhujwa, manawi paduka maibĂȘn, paduka tĂȘtĂȘp kapir, kapiran seda
paduka, botĂȘn pitados dhatĂȘng sĂȘratipun Gusti, sarta murtat dhatĂȘng lĂȘluhur
Jawi sadaya, nempel tosan, kajĂȘng sela, dados dhĂȘmit tĂȘngga siti, manawi paduka
botĂȘn sagĂȘd maos sastra ingkang wontĂȘn ing badanipun manusa, saseda paduka
manjalma dhatĂȘng kuwuk, dene manawi sagĂȘd sagĂȘd maos sastra ingkang wontĂȘn ing
raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasĂȘbut ing sĂȘrat Anbiya, KanjĂȘng
Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pĂȘjah wontĂȘn ing kubur, lajĂȘng tangi
malih, gĂȘsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal. Manawi paduka
ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajĂȘng Islam sadaya Manawi kula, wadhag
alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal,
inggih nglĂȘbĂȘt inggih jawi, dados kantun sasĂȘdya-kula kemawon, ngadam utawi
wujud sagĂȘd sami sanalika, manawi kula kĂȘpengin badhe wujud, inggih punika
wujud-kula, sĂȘdya ngadam, inggih sagĂȘd ical sami sanalika, yen sĂȘdya maujud
sagĂȘd katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur
gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon,
sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun botĂȘn katingal wujudipun
Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botĂȘn ĂȘnem botĂȘn sĂȘpuh, botĂȘn pĂȘjah
botĂȘn gĂȘsang, gĂȘsangipun nglimputi salĂȘbĂȘting pĂȘjahipun, dene pĂȘjahipun
nglimputi salĂȘbĂȘting gĂȘsangipun, langgĂȘng salaminipun".
Sang Prabu
ndangu: "Ana ing ngĂȘndi Pangeran Kang Sajati ?
Sabdapalon
matur: "BotĂȘn tĂȘbih botĂȘn cĂȘlak, paduka wayangipun wujud sipating
suksma, dipunanggĂȘp sarira tunggal, budi hawa badan, tiga-tiga punika
tumindakipun; botĂȘn pisah, nanging inggih botĂȘn kumpul. Paduka punika sampun
Ratu linuhung tamtu botĂȘn badhe kĂȘkilapan dhatĂȘng atur-kula punika"
Sang Prabu
ngandika maneh: "Apa
kowe ora manut agama ?
Sabdapalon ature sĂȘndhu: "Manut agami lami, dhatĂȘng agami enggal botĂȘn
manut! Kenging punapa paduka gantos agami tĂȘka botĂȘn nantun kula, paduka punapa
kĂȘkilapan dhatĂȘng nama kula Sabdapalon? Sabda tĂȘgĂȘsipun pamuwus, Palon: pikukuh
kandhang. Naya tĂȘgĂȘsipun ulat, Genggong: langgĂȘng botĂȘn ewah. Dados
wicantĂȘn-kula punika, kenging kangge pikĂȘkah ulat pasĂȘmoning tanah Jawi,
langgĂȘng salaminipun
Sang Prabu ngandika: "Kapriye iki, aku wis kĂȘbacut mlĂȘbu agama
Islam, wis disĂȘkseni Sahid, aku ora kĂȘna bali agama Buddha maneh, aku wirang
yen digĂȘguyu bumi langit
Sabdapalon matur maneh: "Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak,
kula botĂȘn tumut-tumut." Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu,
kang surasane ora prĂȘlu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya
bangĂȘt, sarta matur yen arĂȘp nyipta banyu kang ana ing beji, prĂȘlu kanggo
tandha yĂȘkti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda
wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantĂȘp marang agama Rasul, nanging yen
gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan
Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu sĂȘndhang banjur dadi wangi
gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis
kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantĂȘp marang agama Rasul, amarga banyu
sĂȘndhang gandane wangi.
Bersambung ke Bagian 6 Jejak
Brawijaya V/ Sunan Lawu